Di dalam Budaya Jawa, juga memiliki banyak sebutan nama TUHAN sesuai dengan KekuasaanNYA. Pada dasarnya, Orang Jawa sejak dari Leluhurnya sudah menyembah hanya kepada TUHAN YANG MAHA ESA. Dan TUHAN ini pun memiliki banyak sebutan NamaNYA.
Sapa kang dadi sesembahane Manungsa Jawa? (Siapa yang menjadi sesembahan Manusia Jawa?)
Manungsa Jawa manembah marang Gusti Kang Maha Tunggal, ateges amung siji sesembahane. Nanging Gusti uga kasebut kaya dene daya panguwasane. Mula yen ora mangerteni, Gustine dianggape akeh. Nanging sejatine ya amung sawiji.
(Manusia Jawa menyembah kepada Tuhan Yang Maha Esa. Artinya, sesembahannya hanya satu Tuhan. Namun, Tuhan juga disebut sesuai dengan daya dan kuasanya. Maka bagi yang tidak tahu, orang Jawa dianggap menyembah kepada banyak Tuhan. Padahal sejatinya hanya Tuhan Yang Maha Esa sesembahannya.)
Banjur Gusti mungguhe Wong Jawa iku sapa wae? (Lalu siapakah sesebutan Tuhannya orang Jawa itu?)
Sesebutane Gusti sesembahane Wong Jawa (Penyebutan Nama Tuhan bagi Orang Jawa):
- Gusti Sang Hyang Widi, minangka Gusti ingkang nyebar wiji utawa urip. (Tuhan yang menciptakan benih atau menciptakan kehidupan.)
- Gusti ingkang Maha Agung, minangka Gusti kang paring kanugrahan kahanan kang Agung. (Tuhan Yang Maha Agung, merupakan Tuhan yang memberikan anugerah keadaan yang Agung.)
- Gusti ingkang Maha Suci, minangka Gusti kang ora hanandang luput, lan paring pangapura marang sakehing leluputing titah. (Tuhan Yang Maha Suci, merupakan Tuhan yang tidak pernah melakukan kesalahan, dan tempat permohonan ampun untuk semua kesalahan yang dilakukan oleh manusia.)
- Gusti ingkang Maha Welas lan Maha Asih, minangka Gusti kang paring welas lan asih dateng titahing Gusti. (Tuhan Yang Maha Pengasih dan Maha Penyayang, merupakan Tuhan yang memberikan kasih sayangnya untuk makhluk-Nya.)
- Gusti ingkang Murbeng Dumadi, minangka Gusti kang nyipta sakabehing kang dumadi ing jagat raya. (Tuhan Yang Maha Pencipta, merupakan Tuhan yang menciptakan semua kejadian yang terjadi di alam raya.)
- Gusti ingkang Maha Luhur, minangka Gusti kang paring kaluhurane tumindak lan laku jantrane agesang. (Tuhan Yang Maha Luhur, merupakan Tuhan yang memberikan keluhuran bertindak dan berperilaku pada makhluk hidup.)
- Gusti ingkang Maha Adil, minangka Gusti kang papane paring pengadilan marang sakabehing carita kang gumelar ing jagat. (Tuhan Yang Maha Adil, merupakan Tuhan yang memberikan keadilan kepada semua cerita yang digelar di alam semesta.)
- Gusti ingkang Maha Wikan, minangka Gusti kang paring kawicaksanan. (Tuhan Yang Maha Bijaksana, merupakan Tuhan yang memberikan kebijaksanaan pada makhluk-Nya.)
- Gusti Sang Hyang Jagat Giri Nata, minangka Gusti kang mernata marang gumelare jagat raya sak isine. (Tuhan Yang Menata Jagat, merupakan Tuhan yang memberikan tatanan terhadap semua yang terjadi di jagat raya seisinya.)
SPIRITUAL dalam Budaya JAWA
Banjur kepiye tata carane manembahe Wong Jawa? (Lalu Bagaimana tata cara menyembahnya orang Jawa?)
Wong Jawa manembah ana 3 sembah, yaiku (1) yen sembahe luwih duwur tinimbang plarapan ateges manembah dening Gusti Kang Maha Kuwasa; (2) Yen sembahe ana ing plarapan ateges ngormati marang ratu, guru, leluhur, lan kang dianggap darbeni kaluhuran langkung inggil; (3) yen sembah ana ing dada ateges, ngormati sapada-padaning titah, kaya dene manungsa klawan manungsa, bangsa alus, sato kewan, lan wit-witan.
(Orang Jawa menyembah ada 3 sembah, yaitu (1) sembah lebih atas dari tengah keningnya, bertanda sembah untuk yang mahakuasa; (2) sembah pas di kening maksudnya menghormati raja, guru, leluhur, dan yang dianggap lebih tinggi keluhurannya; (3) sembah di dada untuk menghormati sesama titah, seperti manusia yang lain, bangsa halus/gaib, hewan, dan tumbuh-tumbuhan.)
Mula yen wong Jawa nyembah iku, aja dianggep yen sesembahane iku akeh. Nganti watu lan kayu wae kok uga disembah. Nanging sejatine wong Jawa iku darbeni rasa kang sejati, kang kudu kinormati wiwit Gusti nganti titah kang kalungguhane ana sak ngisore derajate manungsa. Mulo wong Jawa iku sejati luhur bebudine.
(Maka dari itu, jika orang Jawa menyembah, jangan dianggap sesembahannya banyak, sampai dianggap batu dan kayu juga disembah. Padahal sebenarnya orang Jawa mempunyai rasa sejati yang harus menghormati mulai dari Tuhan Yang Maha Kuasa sampai dengan titah yang tempat dan derajatnya di bawah manusia. Maka sebenarnya orang jawa adalah luhur budinya.)
Manungsa iku ya manunggale rasa, dumadine rasa bumi, rasa geni, rasa angin, rasa banyu, kang dadekake manungsa duweni rasa pangrasa kang utama, ananing budi lan karsa yaiku tumindak utama lan nalaring kang wening kanggo tumindak
(Manusia adalah manunggal rasa, yaitu rasa bumi, api, angin, air, yang menjadikan manusia mempunyai rasa dan perasaan yang utama, dan adanya budi karsa, yaitu tindakan utama karena penalaran dalam keheningan berpikir untuk bertindak.)
Manungsa Jawa yen maneges utawa manembah mring ngersane Gusti bebarengan klawan sakebehing jiwa anggane, yektinipun Raga, Rasa, Cipta, Sukma, lan Uripun dipun ajak sesarengan manembah mring ngresane Gusti kang Murbeng Dumadi, amarga manungsa iku darbeni badan kasar kang kasating mata lan badan alus kang ana ing jagating gaibing manungsa.
(Manusia Jawa jika maneges atau manembah kepada Tuhan bersamaan dengan segenap jiwa raganya, yaitu raga, rasa, cipta, sukma, hidupnya, diajak bersamaanmanembah kepada Tuhan Sang Pencipta, karena manusia itu mempunyai badan kasar yang tampak mata dan badan halus yang ada dalam gaib setiap diri manusia.)
Mula iku yen manungsa Jawa lagi manembah, agawe tata cara semedi utawa meneng. Kang kaya mangkono iku nglerepake sakabehing rasane, kaya dene rasa kang isine sarwa kapinginan kudu lerep lan manembah mring Gusti. Ciptaning pikir uga dilerepake, tan ana kang dipikire kajaba amung memuja lan manembah mring ngersane Gusti. Sukma badan aluse lan urip kang mobah musike manungsa uga diajak manembah mring Gusti kang Akarya Jagat.
(Maka dari itu, manusia Jawa jika lagi manembah dengan tata cara semedi atau berdiam. Dengan sikap seperti itu mengendapkan semua rasa yang isinya adalah keinginan duniawi dan menenangkan pikiran. Pikiran hening tersebut untuk manembah kepada Tuhan, sukma dan hidupnya yang menjalankan kehidupan manusia juga diajak manembah kepada Tuhan Sang Pencipta Alam.)
Panjenengan sedaya sampun ngajak jagat pribadinipun napa dereng yen manembah? Utawa panjenengan namung ngajak sanesipun anggenipun manembah? Nangning lali marang urip lan jagat pribadinipun manungsa? (Saudara semua apakah sudah mengajak jagat pribadi anda ketika manembah? Atau saudara semua hanya mengajak yang lain ketika manembah? Tetapi lupa akan hidup anda sendiri dan jagat pribadi manusia anda?)
Wong Jawa wus mangerteni yen Gusti iku alus, tan kasat ing mata. Gusti uga mangerteni apa kang disesuwun sak jroning bathin. Mula yen wong Jawa manembah lan meminta nugrahaning Gusti hamung ngeningke ciptane supaya dumadi kang dikarepake. Yen wong Jawa manembah ora ana agawe cara kudu kentar kentur, amarga yen kaya mangkono dilakoni ateges ora bisa wening pikire, panyuwunan amung mandes ana sakjroning lati, panyuwunan ora mandes sajroning bathin.
(Manusia Jawa sudah mengerti bahwa Tuhan itu adalah Dzat yang halus yang tak tampak oleh penglihatan mata. Tuhan juga mengerti apa yang diminta dalam batin. Sebab itu, orang jawa manembah dan memohon kepada Tuhan dengan mengheningkan ciptanya supaya terjadi keiinginannya. Orang Jawa ketika manembah tidak memakai cara dengan suara yang keras atau teriakan, karena jika hal itu dilakukan maka tidaklah ada keheningan dalam pikiran, permohonan hanya sampai di perkataan saja, permohonan tidak sampai dengan dalam lubuk hati.)
Wong Jawa yen maneges marang Gusti ora kudu wong liyane mangerteni, ora kudu dikatonake yen lagi maneges utawa manembah, manembah iku miturut wong Jawa minangka jejibahan wajib kang kudu dilakoni minangka titah kang dicipta dening Gusti, mula kudu tansah manembah, yen manembah tanpa pamrih, ora kudu yen manembah iku njaluk sesuleh utawa kudu oleh ganjaran, amarga wong Jawa wus mangerteni yen Gusti wus paring kanugrahan kang tanpa utama marang jalma manungsa.
(Orang Jawa jika maneges atau manembah kepada Tuhan tidak harus orang lain tahu. Tidak harus ditunjukkan ketika sedang manembah kepada Tuhan. Manembah kepada Tuhan itu adalah kewajiban yang harus dilaksanakan setiap titah atau ciptaan Tuhan. Manembah adalah kewajiban titah kepada Tuhan yang telah menciptakannya, manembah kepada Tuhan tidak ada pamrih, dan manembah kepada Tuhan tidak meminta imbalan atau ganjaran apa pun, karena orang Jawa mengerti bahwa anugerah Tuhan yang tiada taranya sudah diberikan kepada manusia.)
Nugraha kang diterima kaya dene, ambengan kang dadeake uripe manungsa, pikiran, raga kang jangkep, seger kewarasan, lan urip dadi manungsa minangka kasampurnaning urip munggihe titahe Gusti. (Anugerah yang diterima seperti napas yang menjadikan hidupnya manusia, pikiran, raga yang sempurna, sehat bugar, hidup menjadi manusia adalah kesempurnaan hidup ciptaan Tuhan.)
Wong Jawa yen manembah mring ngersane Gusti amung meneng wae yaiku semedi, ora kudu polah, ora kudu obah ragane, iku merlambangke yen wong Jawa sejatine wus meneping bathin lan tumindak, ora ngemungake manembahe raga, nanging ngemungake manekunge manembahe jiwane.
(Orang Jawa jika manembah kepada Tuhan hanya bersikap diam, yaitu semedi, tidak harus bergerak, tidak harus melakukan rangkaian gerakan badan. Ini melambangkan bahwa orang Jawa sudah fokus atau menyatu dengan batinnya atau jiwanya, sehingga tidak hanya manembah di raga saja, tetapi sudah manembah bersama badan halusnya atau jiwanya.)
Kapan wong Jawa iku manembahe mring Gusti? (Kapan manusia Jawa itu manembah kepada Tuhan?)
Manungsa Jawa manembah yen mleteke sresenge ateges jagat wus rahina, melu lingsire jagat padang, banjur ana ing awan yen jagat wus padang jingglang, banjur angslupe surya pratanda lumebu jagate wengi, banjur ing tengahing ratri rikala sirep kayon, godong kayu datan obah, kutu kutu walang ataga datan lumampah, sato kewan uga sami nenuwun lan manembah marang Gusti, sarta saben napas nupuse wong Jawa yaiku panembahane uga mring ngersane Gusti minangka lakune manungsa utama supaya tansah eling lan nindakake bebudi kang utama.
(Manusia Jawa manembah ketika matahari mulai terbit, merupakan pertanda alam sudah berganti menjadi alam yang terang atau siang. Lalu tengah hari ketika matahari sudah di puncaknya. Lalu sore hari ketika matahari mulai tenggelam, merupakan pertanda masuknya jagat malam atau gelap. Dan, tengah malam ketika daun dan pepohonan sudah tidak bergerak, hewan kutu-kutu, serangga tidak ada yang bergerak, hewan sedang memohon dan manembah kepada Tuhan. Serta pada setiap keluar masuknya napas, manusia Jawa juga manembah kepada Tuhan sebagai laku hidup manusia utama supaya selalu ingat dan menjalankan budi pekerti yang luhur.)
Wong Jawa yen manembah kok gedug lemah kaping telu iku apa tujuane? (Orang Jawa jika manembah kok pakai menghentakkan kakinya 3 kali ke bumi, apa tujuannya?)
Wong Jawa gedug lemah kaping telu iku mawa teges paring pawartos dumateng Gusti, Ibu Bumi, Bapa Kuwasa ya Angkasa, iku minangka pratanda yen manungsa Jawa bekti marang Gusti kang wus paring gesange ing alam donya, bekti marang bumi pertiwi kang wus dadi papane uripe, paring ulupawetu kang dadi bogane, lan bekti marang Bapa Kuwasa kang paring padange hawa, kahanan jagate manungsa.
(Orang Jawa gedug tanah 3 kali, artinya memberikan pertanda akan kekuasaan Tuhan, Ibu Bumi atau Ibu Pertiwi, Bapa Kuasa ya semesta alam raya. Itu menjadi pertanda bahwa manusia Jawa juga berbakti kepada Tuhan yang telah menciptakannya dengan memberinya kehidupan di dunia, berbakti kepada Ibu Pertiwi yang menjadi tempat hidupnya, memberikan segala sesuatu untuk sumber makanan untuk hidupnya, dan berbakti kepada Bapa Kuasa atau alam semesta yang memberi terangnya keadaan dan lingkungan alam semesta manusia.)
Wong Jawa yen manembah kok senenge nganggo menyan lan dupa? Maksude iku apa? Apa ya ngundang demit? Apa ya demit iku senenge menyan lan dupa? Yen demit mau senenge menyan lan dupa, mestine ora perlu ngenteni wong bakar menyan utawa dupa. Luwih becik demit mau marani ana papane kang dodolan menyan lan dupa.
(Orang Jawa iku kok seneng manembah pakai dupa dan kemenyan? Maksudnya itu untuk apa? Apa untuk mengundang demit? Apa demit itu senengnya kemenyan dan dupa? Jika demit itu senang kemenyan dan dupa, maka tidak perlu menunggu orang bakar kemenyan atau dupa. Lebih baik langsung saja pergi ke tempat yang jualan kemenyan dan dupa.)
Wong Jawa iku senengane agawe dupa lan menyan amarga gandane kang arum mewangi supaya ngantariksa nglantarke sakabehing panjongkone dumateng ngersane Gusti. Ana apa kok kudu dupa lan menyan? Sejatine kang gandane wangi uga bisa kaaturake kagem panyuwunan. Contone yen ora ana menyan bisa gawe gandane panganan lan gandane kembang. Amarga wong Jawa duweni kapitayan, yen Gusti iku alus kahanane, mula ganda kang wangi kuwi kang cepet anggone ngalarapake panyuwunan bisa enggal katarima dening Gusti.
(Manusia Jawa itu senang pakai dupa dan kemenyan karena meyakini dengan harumnya wewangian bisa menghantarkan semua permohonan kepada Tuhan. Kenapa kok harus dupa dan kemenyan? Sebenarnya semua yang berbau bisa dihaturkan untuk melakukan permohonan kepada Tuhan, seperti bau harum dari makanan dan bunga. Hal ini merupakan kepercayaan orang jawa, jika Tuhan itu halus keadaannya, maka harumnya wewangian yang paling cepat menghantarkan permintaan bisa segera dikabulkan oleh Tuhan.)
Sejatine iku mau uga perlambang, yen wong Jawa iku kudu tansah ganda wangi, kang ateges wangi lan arum tata wicarane, patrap tingkah lakune, kang dadeake arume asmane, arume kahanan, kanti luhuring bebudine, mula sakabehing panjongkone Gusti bakal ngudaneni.
(Sejatinya itu adalah perlambang bahwa orang Jawa itu harus selalu berbau harum dan wangi dalam setiap perkataannya, perbuatannya, yang menjadikan namanya jadi harum, keadaannya jadi harum, dengan keluhuran budinya, maka semua keinginannya, Tuhan akan mewujudkannya.)
Anane kembang rikala panyuwunan, kang mawa teges, kembang iku gandane wangi. Yen wus kembang bakal dumadi woh-wohan, iku merlambangake kanti panyuwunan kang utama lan dileksanake lumaku kang luhur bakal kantuk kanugrahan kang uga luhur. Wong kang nandur becik bakal ngunduh kahanan kang becik.
(Adanya bunga ketika permohonan, yang artinya kembang itu adalah harum baunya. Jika sudah berbunga akan berbuah. Itu melambangkan permintaan utama, dan dijalankan usahanya dengan keluhuran sifatnya, akan mendapatkan anugerah luhur pula. Orang yang menanam kebaikan pasti akan menuai kebaikan.)
Anane sesaji rikala panyuwunan, minangka ujude panyuwunan kang mawa perlambang supaya kang dijangka bisa tumeka, contone sesaji cok bakal, kang maksud supaya kahanan yang becik nganti tumekane cikal bakal sak run maturune, ateges ora amung nyenyuwunake kanggo awake dewe, nanging uga run temurune.
(Adanya sesaji permohonan merupakan perwujudan yang melambangkan apa yang diinginkan bisa terlaksana, contohnya sesaji “Cok Bakal” yang maksudnya supaya tercipta keadaan yang baik hingga ke cikal bakal anak cucu keturunannya, yang artinya tidak hanya melakukan permohonan untuk dirinya sendiri tetapi sampai keturunannya semua.)
Anane slametan, kaya dene isine slametan yaiku tumpeng kang mawa teges sembah utawa manembah mring ngersane Gusti, godong kangkung supaya jinangkung, godong bayem supaya ayem tentrem, capar utawa ganteng supaya nurunake wiji kang utama, lan sak pnunggalane, kabeh mau minangka ujude ngaturake sembah suungkem bekti marang Gusti lan jagat gumelar sak isine, ing kono mengku karep wong Jawa lumakune ora amung ana ing lati nanging kudu dilakoni lan dinyataake.
(Adanya selamatan seperti adanya tumpeng yang artinya sebagai sembah atau manembah kepada Tuhan, daun kangkung supaya mendapatkan perlindungan dari Tuhan, daun bayam supaya hidupnya tenteram damai, capar atau toge supaya bisa menurunkan keturunan yang utama, atau murid yang utama, atau benih kebaikan, dalam hal ini ada tujuan bahwa orang Jawa dalam menjalani kehidupannya tidak hanya diucapkan saja, tetapi dijalani dan dinyatakan.)
Banjur basa apa kang digunakake wong Jawa yen manembah mring Gusti? Wong Jawa wus mangerteni yen sejatine Gusti iku mangerteni sakabehing basane titahe, ateges tata jalma kang maneka warna, suarane sato kewan, obahe wit-witan, lan obahing hawane lelembut kang mawa teges mawa suasana, bisa dimangerteni dening Gusti kang Akarya Jagat. Mula sejati panuwunan lan panembahan marang ngersane Gusti iku gumantung ing krenteging bathin, cipta ning pikir, Gusti wus mangerteni, mula basa apa wae, sinaosa ora diucapake, sinaosa tanpo wicara, tanpa basa, hamung ciptaning ati, Gusti wus mangerteni.
(Lalu bahasa apa yang digunakan orang Jawa jika menyembah kepada Tuhan? Orang Jawa sudah mengerti jika Tuhan itu mengerti bahasa semua ciptaanNya. Bahasa manusia, suara hewan, geraknya tumbuhan, dan bergeraknya hawa dari bangsa halus yang mempunyai makna suatu keadaan, bisa dimengerti oleh Tuhan yang menciptakan Alam Semesta. Maka sejatinya permohonan dan penyembahan kepada Tuhan itu tergantung dari kemauan batin, cipta pikirannya, Tuhan sudah mengerti. Maka bahasa apa saja, meskipun tidak diucapkan, tidak berkata, tanpa bahasa, hanya cipta hati, Tuhan sudah mengerti.)
Wong Jawa uga duweni adat yen dina kang dianggep becik mungguhe uripe banjur duweni tirakatan kanggo manembah lan laku utama supaya luwih becik anggone tumindak lan kasembadan sakabehing panjangkane kanthi gangsar kalir nir ing sambikolo. Dina kang utama mau akeh jumlahe lan miturut kapitayane manungsa kang nglakoni, mula ora ana patokan kang gumathok, amarga saben siji wong duweni wayah lair lan dina kelairan kang beda, mula bisa mbedaake dina kang penting mungguhe pribadine manungsa miturut dina laire. Amarga dina lair mau mawa teges dinA kabegjane manungsa.
(Orang Jawa memiliki adat jika ada hari yang dianggap baik untuk hidupnya, lalu mempunyai tirakatan untuk menyembah dan berlaku utama supaya lebih baik dalam menjalani kehidupannya dan terlaksana apa yang diinginkannya dengan lancar, terhindar dari semua marabahaya. Hari yang utama banyak sekali jumlahnya, dan menurut kepercayaan manusia yang menjalani kehidupannya, maka tidak ada patokan yang pasti, karena semua tergantung sesuai dengan waktu dan hari kelahiran yang berbeda-beda, maka dibedakan pula hari penting menurut pribadi manusia itu dengan hari lahirnya. Karena hari lahir merupakan hari kejayaan manusia.)
Banjur tirakatane wong Jawa apa wae? Tirakate wong Jawa kaya laku pasa ngeblas, mutih, ngrowot, ngidang, ngalong, mbisu, melek, dana weweh, sejatine lelaku kabeh mau hamung kanggo meneping rasane, dumadi ciptane, lan utama tembunge lan tumindake.
(Lalu tirakatnya orang Jawa apa aja? Tirakatnya orang Jawa seperti puasa makan dan minum, makan nasi putih, ngrowot, makan makanan seperti kijang, berlaku seperti kalong, berlaku diam, harus terjaga tidak boleh tidur, memberikan sesuatu kepada orang yang membutuhkan, sejatinya semua itu untuk mengendapkan hawa nafsu dari rasa, menjadikan ciptanya dan utamanya perkataan dan bertindak.)
Lelaku ngeblas mawa teges ora mangan lan ora ngombe wiwit sore nganti sore maneh, ateges 24 jam, pasa mutih ateges hamung mangan sega putih lan banyu putih, ora gawe uyah, aja kang kabeh kang rupa putih kalebu lelaku mutih, contone pakaine kudu putih, susu uga putih banjur ngombene gawe susu, lumaku ngrowot hamung mangan woh-wohan, pala kependem lan pala gumandul, ora dikaperangake mangan sega lan sakabehing panganan kang dumadi saka sato kewan, lumaku ngidang amung mangan godong-godongan, lumaku ngalong amung mangan woh-wohan, sing luwih gegirisi maneh yen turu kudu ing ngisor sirahe, contone kaya dene ilmune Resi Subali rikala kanthuk dayane aji pancasonya, lumaku mbisu amung meneng wae ora oleh ngomong supaya meneping rasane lan bisa ngendika kang mawa waton ing tembe mburine, lelaku melek kang ora turu, supaya tansah eling mring ngersane Gustine, lan wening ciptane, lelaku dana weweh paring sesulih marang wong liyan kang mbutuhake, sejatine luwih utama ora paring dana weweh hamung awujud panganan utawa duwit, nanging bisaa paring dana wewehing ngelmu, dana weweh penggawean.
(Melakukan puasa ngeblas adalah tidak makan dan minum selama 24 jam dari sore sampai sore lagi pada hari berikutnya. Puasa mutih maksudnya hanya makan dan minum dengan nasi putih dan air putih saja. Jangan dianggap semua yang putih termasuk puasa mutih, contohnya menggunakan pakaian putih, susu juga berwarna putih, lalu minumnya pakai susu, itu tidak termasuk puasa mutih. Puasa ngrowot hanya makan buah-buahan, hasil tanaman yang terpendam di dalam tanah atau yang menggantung di pepohonan, tidak boleh makan nasi, tidak boleh makan hasil dari hewani, seperti telur, susu, dan daging. Puasa ngidang berlaku seperti kijang, hanya diperbolehkan makan tumbuh-tumbuhan. Puasa ngalong berlaku seperti kalong, hanya diperbolehkan makan buah-buahan, yang lebih ekstrem lagi zaman dulu tidur seperti kalong, kepalanya ada di bawah, seperti Resi Subali ketika mendapatkan ajian pancasonya. Lelaku mbisu tidak bicara untuk mengendapkan rasa supaya besoknya setiap perkataannya mengandung makna yang baik. Lelaku melek terjaga, supaya selalu ingat kepada Tuhan sehingga lebih hening cipta pikirannya. Lelaku dana weweh, yaitu memberikan sesuatu kepada orang lain, lebih utama lagi bukan hanya sekadar memberikan makanan atau uang kepada yang membutuhkan, tetapi termasuk memberikan ilmu yang bermanfaat, memberikan pekerjaan.)
Ana jarene wong akeh, yen pasane wong Jawa iku nyiksa raga, apa bener kaya mangkono? (Ada yang bilang puasanya orang Jawa menyiksa badan, apa benar seperti itu?)
Wong Jawa lumaku ora hamung pasaning raga. Amarga yen amung pasane raga iku nora ana gunane, pasane wong Jawa uga duweni wates kaya dene apa kang dikarepake. Yen pasa kanggo tumuju olah kanuragan ateges sentosane raga, kaya dene ora tedas tapak palune pande, sisane gurindo, utawa ilmu kebal ora ana liya kudu asring naleni ususe utawa kudu gelem pasa kang suwe, amarga hamung iku tetukone kang supaya bisa nduweni kanuragan, nanging iku wus dudu jamane lan sampurnaning raga iku dudu sampurnaning urip.
(Orang Jawa jika puasa tidak hanya puasa badan, karena hanya puasa badan saja maka tidak ada gunanya. Puasanya orang Jawa ada batasannya, sesuai dengan apa yang diinginkan. Jika puasanya untuk ilmu kanuragan, maksudnya untuk sentosanya tubuh, seperti tidak mempan senjata tajam dan peluru senapan, atau ilmu kebal, tidak ada lain harus sering puasa mengikat ususnya atau mau tirakat puasa dengan jangka waktu yang lama, karena hanya itu jalan yang harus ditempuh untuk mendapatkan kekuatan tersebut. Namun, semua itu sudah bukan zamannya, karena sempurnanya badan belum sempurnanya kehidupan.)
Lelaku tirakatan iku kudu tirakat ragane lan tirakat rasane, ing kono mawa teges, yen lelaku tirakat apa wae, raga uga ditata mangane ateges mangan kaya dene wektune pasa kang wus ditentoake, apa kang dipangan diatur kaya dene kang wus dikarepake, lan turu uga ditata kaya dene wektu kang wus ditentoake, yen lagi miwiti pasa, raga kudu diwenehi ngerti, dikandani supaya ragane manut kaya dene kang dikarepake lan enteng anggone tirakat, lan tutug anggone tirakat, lan bisa kasembadan apa kang dijangka.
(Lelaku tirakatan harus tirakatnya raga dan rasa. Artinya, dalam lelaku tirakat apa saja, raga harus diatur makannya. Maksudnya, makan sesuai dengan ketentuan waktu yang ditentukan, tidur juga harus diatur sesuai dengan waktu yang ditentukan. Saat memulai puasa, raga harus diberi tahu, supaya raganya menurut sesuai yang diinginkan, supaya ringan menjalankan tirakatan, tuntas tirakatnya, tercapai apa yang diinginkan.)
Lelaku iku ora hamung ragane, ateges kudu bisa meper hawa nepsune, kaya dene nepsu bumi, ora oleh nduweni kepenginan mungguhe rupa panganan, ora oleh angkara murka, ora dikaprengake yen wus tutug pasane banjur kembul bujana kanthi kepenginan mangan kang sarwo enak, utawa mangan kang disenengi, apa maneh isih pasa durung tutup pasane wus nyiapake apa kang dipangan, wus ngangen apa kang arep dipangan sakwise tutup pasane, kang kaya ngono mau isih urung sampurna pasane, iku mau isih pasa ragane wae.
(Lelaku puasa itu tidak hanya puasa badannya, maksudnya harus bisa menahan hawa nafsunya, seperti nafsu dari unsur bumi di dalam tubuh manusia, tidak boleh mempunyai keinginan yang berhubungan dengan makanan, tidak boleh bersifat angkara murka, tidak diperkenankan melakukan pesta setelah selesai puasa dengan memakan makanan yang enak-enak, yang sudah dipersiapkan atau dipikirkan dalam puasa, apa lagi puasanya belum selesai sudah menyiapkan makanan yang akan dimakan, sudah membayangkan makanan enak yang akan dimakan, padahal masih puasa, hal itu belum sempurna puasanya, itu hanya puasa badannya saja.)
Lelaku iku kudu meper nepsu saka geni, ateges ora oleh nesu, muring-muring, mentungi wong liyane, kudu biso meper nefsu angin kang agawe sipat males, ngantuk, lan ora tumandang gawe, ora oleh ngumbar sipate banyu kang nglambyaring pamikir, kang ngangen-ngangen kahanan kang ora sak mestine, contone pasa nanging ngeling-ngeling pacare, iku ora dikaprengake.
(Lelaku itu harus bisa menahan hawa nafsu dari unsur api, tidak boleh ngambek, marah-marah, memukuli orang lain. Harus bisa mengendalikan nafsu dari unsur angin, seperti malas, ngantuk, tidak mau bekerja karena puasa. Tidak boleh mengumbar nafsu dari unsur air, seperti memikirkan hal yang tidak semestinya. Ketika puasa malah membayangkan pacarnya, itu tidak diperbolehkan.)
Apa yen wong Jawa pasa iku liyane uga ken melu pasa? Kabeh wong dikon ngormati anggone pasa? (Apakah jika orang Jawa puasa, yang lainnya suruh ikut puasa? Atau semua orang suruh menghormati dirinya yang puasa?)
Yen wong Jawa pasa iku ora njaluk wong liyane kudu pasa, ora njaluk wong liyane ngormati anggone pasa, ora nglarang wong liyane mangan nang sandinge, amarga pasa mau ana ing diri pribadine, ora ana ing diri pribadine wong liyan, mula wong Jawa iku luwih ngerti ing pamikir, luwih tumata ing laku, ora tumindak ampyak awur-awur, apa maneh yen lagi nedeng-nedenge lelaku, sakabehing klimah lan tumindak tansah anuju prana marang kautaman, lan ciptaning pikir kudu tansah wening, memuja mring Gusti kang Murbeng Dumadi.
(Jika orang Jawa puasa tidak minta orang lain ikut puasa, tidak minta orang lain menghormati dirinya puasa, tidak melarang orang lain makan di dekatnya. Puasa ada di diri pribadi, bukan pada diri orang lain. Oleh karena itu, orang Jawa lebih matang dalam pikirannya, lebih tertata sikapnya, tidak melakukan tindakan yang ngawur. Apa lagi ketika lagi puasa, orang Jawa ketika berbicara dan bertindak selalu mengacu ke perbuatan utama, dan cipta pikirannya jernih dan hening, selalu memuja kepada Tuhan Sang Maha Pencipta.)
Banjur agamane wong Jawa iku apa? Kitabe apa? Lan tujuane anggone nglakoni kabecikan iku apa? (Lalu apa agama orang Jawa? Kitabnya apa? Dan tujuan menjalani kebaikan itu apa?)
Ana caritane leluhure wong Jawa iku gawe agama “Buda Wiwenang” tegese iku ya “Budi Kang Luhur” utawa dharma kang utama, mula ana kang ngarani wong Jawa iku agemane “Agama Budi”, mula tembung Buda ing kono, beda karo kang dimaksud Budha utowo agama Budha saka tanah manca, banjur Wiwenang ing kene mawa teges yen sejatine kanti budi kang luhur, dharma kang utama manungsa wus kaparingan purba wasesa saking Gusti Sang Hyang Jagat Giri Nata anggone nglakoni sampurnane uripe lan gawe rahayu jagat gumelar sak isine.
(Ada cerita dari leluhur tanah Jawa, bahwa orang Jawa menggunakan agama “Buda Wiwenang” yang artinya “Budi yang Luhur” atau dharma yang utama. Ada yang bilang bahwa orang Jawa berpedoman kepada “Agama Budi”. Sebab itu, kata Buda di sini berbeda dengan Budha atau agama Budha yang dari manca negara. Lalu Wiwenang mempunyai arti bahwa dengan budi luhur dan dharma utama, maka manusia sudah diberikan kekuasaan atau purba wasesa dari Tuhan Yang Mengatur Alam Semesta, untuk menjalankan sempurnanya kehidupan diri pribadinya dan alam semesta seisinya.)
Ana ceritane pewayangan kang agung bab ceritane lelakon Bima Sekti, rikala semana Bima diutus bapa guru Durna anggone nggoleki ilmu kasampurnan yaiku tirta pawitra suci ing telenging samudra, tumekaning ing tengahing samudra, Bima Sena ketemu ula gedhe kang gubet awake banjur ula mau bisa diperjaya, banjur Bima pikanthuk ilmu kasampurnaan wejanganipun saking Pikulun Sang Dewa Ruci, banjur kadadean mau diseksine jagat gumelar sak isine kanthi ansne rasi lintang “Bima Sakti” yaiku gambare Bima rambute diore mujure ngalor ngetan lan Ula Naga kang nggubel awake buntute ngidul ngulon, kang bisa dideleng ing tengahing ratri, ing tengahing rasi lintang Bima Sakti tamtu ana pedut tipis kang nglimputi, ateges kahanan iku dumadi ing tengahing samudra, ing kono Bima kanthuk kaweruh yen tumuju ing kasampurnaning urip ora ana liya yaiku Budi Kang Luhur, Dharma kang Utama.
(Ada cerita pewayangan agung mengenai Bima Sakti. Ketika itu, Bima diutus oleh Gurunya Pendeta Durna, supaya mencari ilmu kesempurnaan, yaitu air perwita suci di tengahnya samudra. Sesampainya di samudra Bima Sena bertemu dengan ular raksasa yang melilit tubuhnya. Ular itu berhasil dibunuhnya. Kemudian Bima mendapatkan wejangan ilmu kasampurnan dari Dewa Ruci. Kejadian tersebut disaksikan oleh alam semesta seisinya dengan diciptakannya rasi bintang “Bima Sakti”, yaitu gambarnya Bima dengan rambut terurai ke jagat timur laut dan ular naga yang melilitnya dengan ekor memanjang ke arah barat daya. Rasi bintang tersebut bisa disaksikan di tengah malam. Ada kabut tipis di tengahnya, yang berarti bahwa kejadian itu terjadi di tengah samudra. Di situ Bima mendapat pemahaman bahwa untuk menuju ke kesempurnaan hidup tiada lain adalah Budi Pekerti luhur dan Dharma Bakti Utama.)
Wong duweni agama iku supaya duweni budi kang luhur, aja agama iku digunaake kanggo butuhe karepe dewe, golongan lan balane. Yen ngakune wus duwur kaweruhe bab agama nanging kok isih nggeting marang wong kang beda kapitayane, muspra anggone belajar tuntunane agama, amarga jagat iku ya maneka warna, yen warna mau kon ijo kabeh utawa yen putih kabeh ya ora ana kang diarani warna pelangi kang endah.
(Manusia mempunyai agama agar memiliki budi pekerti luhur, maka agama jangan digunakan untuk kebutuhan pribadi golongan atau teman-temannya. Jika mengaku sudah tinggi ilmu agamanya, tetapi masih membenci manusia lain yang berbeda kepercayaan, maka tiada guna belajar tuntunan agama. Sebab, alam semesta itu beraneka ragam warna, jika warnanya hijau semua atau putih semua, maka tidak akan warna pelangi yang indah.)
Kitabe wong Jawa iku apa? Jarene nyembah mring Gusti kok ora duweni kitab? (Kitabnya orang jawa itu apa? Katanya menyembah kepada Tuhan kok tidak punya kitab?)
Wong Jawa iku ora duweni kitab, nanging duweni Sastra, yaiku kang diarani “Ilmu Sastra Jendra Hayuning Rat Pangruwating Diyu”. Ing kene mawa teges Sastra iku minangka pitutur utawa ilmu kaweruh bab urip, Jendra iku yo jiwa utawa badan aluse manungsa, Hayuning Rat iku minangka kahanan kang rahayu, tentrem, makmur lan sempurna, utamane marang jagat pribadine manungsa, Pangruwating Diyu yaiku hawa nefsu kang kudu dipeper, kapinginan kang kadang kala ngemungake seneng nanging nalingsir saka angger-anggere bebener lan reh kautaman.
(Orang Jawa itu tidak mempunyai kitab, tetapi mempunyai Sastra, yang disebut Sastra Jendra Hayuning Rat Pangruwating Diyu. Di sini, makna Sastra adalah nasihat tentang kehidupan. Jendra adalah jiwa atau badan halusnya manusia, Hayuning Rat adalah kondisi yang selamat, aman tenteram, makmur sejahtera, sempurna, terutama jagat pribadi manusia itu sendiri, Pangruwating Diyu adalah menahan hawa nafsu yang kadang kala menimbulkan keinginan melenceng dari jalur kebenaran.)
Bener kang sejati iku mungguhe Gusti, yen mungguhe manungsa durung mesti yen bener, amerga manungsa siji lan sijine duweni karep lan tujuan kang beda, mula bener lan luput gumantung marang manungsa kang nglakoni, kang wenang nyalahake lan mbenerake uga amung Gusti, amarga apa kang dumadi ing jagat raya iki uga amung Gusti kang nglakoake laku jantrane lumantaran titahe, mula paugeran wong Jawa anggone lumaku manembah mring Gustine dudu kitab, ora ana liya yaiku Budi kang Luhur utawa kang utama, amarga yen manungsa nglakoake barang kang luput, sinaosa ora ana wong liyan kang mangerteni, nanging jiwone, bathine ati ora bisa diapusi, tamtu ana suwarane ati: “sejatine kang kaya mangkono ora bener”, nanging balik maneh bisa meper nefsu apa ora.
(Kebenaran sejati itu ada pada Tuhan, karena benar menurut manusia belum tentu benar yang sesungguhnya, karena manusia lainnya bisa mengatakan salah, sesuai dengan keinginan dan pamrih atau tujuan yang berbeda. Yang berhak menyalahkan benar dan salah juga hanya Tuhan. Karena apa yang terjadi di alam semesta ini hanya Tuhan yang menjalankannya melalui titahnya. Maka paugeran orang Jawa untuk menyembah Tuhan bukanlah kitab, tetapi tiada lain adalah Budi yang luhur atau utama. Sebab, jika manusia menjalankan hal yang salah, meskipun orang lain tidak mengetahui, tetapi jiwanya, batinnya, atau hati kecilnya pasti tidak bisa dibohongi dan pasti ada suara hati “sebenarnya itu adalah hal yang tidak benar”. Tetapi semua kembali lagi pada kemampuan menahan hawa nafsunya, bisa atau tidak.)
Wong Jawa duweni kaweruh urip yen jeneng sira manungsa ya lumaku dumadi manungsa, ateges gawe naluri uripe, contone yen kewan sapi naluri uripe mangan suket, wus bisa milih, yen kewan macan naluri uripe macat panganane daging, mula kudu pinter anggone golek kewan kang kudu dimangsa, kudu deleng kahanan, manungsa uga kaya mangkono, ora amung paugeran barang kang mati, nanging kudu paugeran marang uripe manungsa lan kahanane manungsa, contone manungsa iku duweni pamikir, bisa nanting bener lan luput, yen wening pikire tantingane bakal becik kahanan merga ora amung nanting kanti adedasar pamrih, yen miturut paugeran kautaman kliru ora bakal dibenerake kanti cara apa wae, kanggo pamrihe dewe.
Salam Rahayu…
Salam Luar Biasa Prima!
Wuryanano
Twitter: @Wuryanano
Owner SWASTIKA PRIMA Entrepreneur College